Senin, 30 Oktober 2017


KEBLINGER SRAWUNG MODEREN

(cerkak menika kapacak wonten ing Antologi Cerkak  "TEPUNG" 
Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta)

            Dhenok, bocah wedok iku jenenge. Wis telung dina iki dheweke lunga saka omah. Kabur kanginan, saparan-paran ora nggawa sangu apa-apa, saliyane kang nyantol nang awake, seragam lan tas sing dicangklong saben dinane, menyang lan mulih sekolah. Dhenok rumangsa isin lan ora ngira babar pisan, bakal ana lan meruhi lelakon ing Dina Senin esuk iku. Wong tuaneutamane ibunewis keblinger srawung jaman moderen…

****
                                                               
Wartono pirang-pirang dina iki nganggur. Bojone, Surtini, saben dina hawane uring-uringan, weruh Wartono gaweyane mung tura-turu  lan klepas-klepus udud nang ngomah.

“Mas, kowe ki piye, wong lanang kok ora tanggungjawab. Delengen kae, anakmu kapiran, butuh ragad kabeh. Rumangsamu nek mung tura-turu, udad-udud ngono kuwi ana dhuwit tiba saka langit, ngono pa?!” suarane Surtini pating pecuthat, ngabangake kupinge sing lanang.

“Rumangsamu aku ki ra usaha pa? Ning ya karang kahanan, piye maneh. Dasar wong wedok, mung ngerti penake wae!” Wartono wangsulan njenggereng, persis macan turu dikagetake.

“Piye Mas, aku mung ngerti penake wae? Tak kandhani, urip karo kowe ki akeh rekasane tinimbang penake. Bandhaku entek tok nggo ngalor ngidul, ora ana hasile. Banjur isamu ki apa tak takon?” suarane Surtini tambah ndridil.

Braaaakkk!

“Isa meneng ora!!” Wartono muntab. Meja kang wis gapuk iku digebrak, dingklik nang cedak sikile ditendang.

Surtini ora gigrig, malah tambah metu siunge. Omongane saya ndadra, karo  krompyangan nyenggol apa wae ana sandinge. Nek wis ngono kuwi, njero omah hawane dadi panas. Anak-anake mung isa meneng karo mrebes mili, wedi nek melu disantlap wong tuwane, lan uga isin karo tangga teparo, saben dina krungu padudon  ngono-ngono kuwi wae.

Mula buka kahanan ekonomi kaluarga Wartono isa morat-marit kaya ngono iku isa diarani kleru ing pasrawungan, gampang kapilut srawung anyar kareben diarani moderen utawa gaul.  Rikala samana, warisan tinggalan wong tuwane Wartono lan Surtini iku jan-jane ora sethithik. Ananging amarga wong loro kakehan pepinginan sing ora-ora, dadi kabeh mau padha thithil mbaka sithik. Kepara saiki malah katlikung utang ing ngendhi-endhi papan. Surtini kondang kaloka ing kampung dadi artis desa amarga penampilane kang glamour, persis selebriti ing infotainment televisi. Wartono uga ora kalah anggone jor-joran dhuwit, malah seneng main judi barang.

Tangga teparo isane mung ngelus dada, saben dina krungu regejegan kaya ngono iku. Sabisa-bisa padha aweh pambiyantu, utamane kanggo anak-anake kang cacahe lima. Untung wae, saiki sekolah ana ing tingkat dasar negeri digratiske karo pamerintah, dadi isih isa mambu sekolah. Lan untunge maneh, anak-anake mau jelema, ora neka-neka kaya jaman cilikane wong tuwane mbiyen. Dhenok, sing mbarep, isa momong lan mimpin adhi-adhine.

****

            Sore iku, sawise padudon karo bojone, Surtini ngademke pikir nang ngarepan, dene bojone embuh nggeblas lunga  nang endi. Dumadakan ana mobil mewah mandheg ing dalan ngarep omah. Wong wadon ayu mudhun saka mobil. Ndelok rupa lan sandang panganggone mesti wong sugih. Umure sajak sapantaran karo Surtini, ananging amarga perawatan dadi katon luwih enom tinimbang Surtini.

“Surtini to iki?”

Surtini kaget. Ora ngerti sapa priyayi iki.

“Mosok kowe lali karo aku to Tin. Ditamatke sing tenan!?”

Surtini bingung, nyoba ngeling-eling.

“Oalaah. Iki Lasmi to? Lasmini, kancaku sekolah mbiyen. Jan pangling aku. Ayu tenan kowe saiki…”  Wong wadon loro iku padha rangkulan.

“Wis suwe banget ya awake dhewe ora ketemu. Jare krungu-krungu kowe melu bojomu nang kutha? Ayo kene lungguh karo crita-crita.”

“Iya bener, Tin. Aku pancen pindah Jakarta sawise nikah biyen, ngetutake tugas bojoku. Ning saiki balik desa maneh. Mula aku mrene arep omong-omongan karo kowe.”

Sawise padha lungguh lan disuguh wedang saanane, wanita kang aran Lasmini mau banjur crita ngalor ngidul maneka warna. Dheweke dadi bojone pejabat kementrian pusat kang makarya ing Jakarta. Mula iku banjur pindah mapan nang kana. Wis pirang-pirang taun omah-omah ananging durung diparingi momongan, Lasmini rumangsa suntuk, mula kepengin bali lan mbukak  usaha nang desa, ngenggoni omah tinggalane wong tuwane kang sasuwene ikisawise wong tuwa loro-lorone tilar donyamung dikosongake, dirumat karo rewange. Lasmini ngajak Surtini mbantu dheweke dadi asisten pribadi.

“Gelem to Tin? Mung ngancani aku, kok.  Engko tak gaji gedhe lan kabeh butuhmu tak cukupi wis.”

“Ning aku ki ra nduwe pengalaman kerja apa-apa je Las, terus aku nyambut gawene piye engko?”

“Halah, tenang wae. Kaya kandhaku mau, mung ngancani aku. Nang kene ki tepungku durung akeh, mula butuh bantuanmu.”

Surtini kelingan Wartono sing nganggur lan kabutuhan omah saben ndina kang tambah akeh.

“Lha, bojomu piye Las? Apa melu pindah uga?”

“Oh, manawa bojoku tetep mapan lan makarya ing Jakarta. Paling pendak akhir pekan, Setu utawa Minggu mrene nileki aku. Piye Tin, gelem to?”

Surtini sajak mikir, ning ing ati bungah, bakal duwe pametu.

“Ya wis Las, aku gelem. Aku tak kandha bojoku dhisik.”

“Lah, ngono iku lho…” Lasmini ngruket Surtini kenceng. Surtini gelagepan, kaya ana rasa aneh mrambat nang atine.

***

Surtini sida dadi asisten pribadine Lasmini. Ing ngendhi wae papan tansah melu laku lan glibete Lasmini sing mulai misuwur dadi pengusaha wanita—sanajan embuh iku usahane apa, ora ana sing ngerti. Sandang panganggo lan apa wae kang nyantol nang awake malih trendy lan nggawa merk. Wartono uga katutan mulya, dadi kapitayane Lasmini. Uripe Wartono sakaluarga sing sarwa kacingkrangan malih mulya maneh kaya mbiyen sadurunge kentekan bandha amarga polah tingkahe kang ora prasaja. Anak-anake ketok seneng, malah saben prei sekolah melu wong tuwane dolan omahe Tante Lasmini.

Ananging ana kang owah saka tindak tanduke Wartono lan Surtini karo masarakat sakiwatengene. Saiki wong loro bebojoan iku ora gelem melu ombyaking warga, srawung ing madyaning masarakat. Saben ana pasamuan lan apa wae bot karepotane warga, Wartono lan Surtini ora tau metu lan aweh pambiyantu. Malah ana saweneh warga krungu manawa Wartono wis tau ngomong yen srawunge saiki wis bedha. Tepungane saka kalangan elit lan gaul, bedha karo masarakat sakitare sing isih ndeso. Tangga teparo rasane jengkel ananging isane mung ngelus dhadha karo ngundhamana muga-muga wong loro iku nemoni rubeda, kareben sadar karo tingkah lakune sing ora bener.

***

Esuk iku, bubar upacara bendera, guru-guru arep nganakake rapat penting, mula murid-murid dikon sinau mandiri nang omahe dhewe-dhewe. Dhenok seneng banget, isa bali gasik. Dhenok ora pengin langsung bali nang ngomah, ananging tumuju omahe Tante Lasmini, arep nemoni wong tuwane.

Senin esuk iku, omahe Lasmini katon sepi saka njaba. Dhenok kang wis apal banget omah iku banjur clingak-clinguk muteri pakarangan. Lawang mburi ora dikunci, ngati-ati dheweke mlebu. Ora ana wong katon ing njero. Dumadakan krungu suara aneh, kaya wong lagi bekerengan. Suarane lamat-lamat saka kamare Lasmini. Dhenok ngati-ati nginjen saka bolongan kunci. Sumedhot atine Dhenok weruh kadadeyan ing njero kamar. Ibune karo Lasmini lagi uleng-ulengan nang nduwur dipan. Bocah kang mulai ngancik dewasa iku ngerti apa kang dilakoni wong loro iku. Dhenok rumangsa isin lan ora ngira babar pisan, bakal ana lan meruhi lelakon iku. Dadane krasa mbesesek, karo nangis mrebes mili mlayu ninggalake omah iku.

***

Warga ing kukuban dusun kono geger. Akeh polisi pating sliwer nyatroni panggonane Lasmini. Pak Dukuh lan Pak RT uga dijaluki katerangan ing lokasi. Ora nyana babar  blas jebul Lasmini wis suwe dadi target operasi (TO) pihak kepolisian. Ing lokasi, polisi kasil gropyok Lasmini lan kanca-kancane sing lagi pesta sabu-sabu. Sadurunge iku pihak berwajib wis kasil ngrangket Wartono kang diduga dadi kurir. Surtini uga diglandang nang kantor polisi awit ana ing lokasi lan dicubriyani melu sekongkol pas gegeran kuwi.

Sawise kadadeyan iku para warga disepuhi dening Pak Dukuh lan Pak RT ngadhani rembug bareng ngengingi sasrawungan ing lingkungan kono. Pak Dukuh mrayogakake  supaya warga luwih ngraketake pasrawungan lan tembayatan ing bebrayan saben ndinane kanggo nangkal pengaruh negatif pergaulan modern. Diputusake uga ing rembug iku para warga bakal guyub saiyeg saeka praya bareng-bareng nggulawentah anak-anake Wartono lan Surtini sing kapiran, jer bocah-bocah iku durung ngerti masalah apa-apa sing dilakoni wong tuwane. Dhenok kang  lunga lan durung ana kabare, uga diupadi ana ngendi dununge. Kabeh ontran-ontran iki amarga wong tuwane sing gampang kapilut srawung anyar sing  dianggep moderen ananging satemene malah jlomprongake ing jurang kasangsaran.

(2017)