Jumat, 14 November 2008

AMPAK-AMPAK JATI ANOM



Hung wilaheng….

Petheng ndedhet leliweran
Ya ing mangsa sajroning pawiyatan
Kekayon padha pating klumbruk tetangisan
Akeh bocah padha pating cruet
Sato kewan padha alok-alok jerit pating glembor
Gegana sinabut pedhut sesukeran
Datan ana lintang cumlorot tiba
Jagad peteng leliweran

Hey…kidung bayu sumribit keplayu
Lamat-lamat kudu ndak sawang
Kridha jalma kang dadi sesolahe
Jagad wus kadhung petheng

Tegal sawah garing kebak alang
Eri brodhot padha pating glolor, pating crongot
Banyu kali asat jejithungan kalawan
Tetanduran lan lemah-lemah telo

Manuk blekok bingung arep ngumpul
Bebarengan gojeg ing ara-ara amba
Mrono-mrene mung sak paran-paran
Datan weruh papan kang indah edi peni
Kabeh gundul ora bisa tukul
Kali garing prasasat segara asat
Ya among jeroning lara beninge luh tumetes luber

Apa banjur kelakon…
Gumer-gumer gendhing tengah wengi
Keprungu ngampiri marang jagadku
Ya marang kabeh panggayuhku kang cupet nyangga lelara

Dudu salah sing padha digagas
Ananging bagaskara wis kadhung jumedhul
Sumunar byarr…sumilak ing sak brang wetan
Jago kluruk tetembangan kalawan sewu embun
Bhegegek ugek-ugek sak dumila mel-mel
Ayo padha polah, babar kamulyan
Atut runtut bebarengan maju, makarya kanthi
Paugeran suci…mukti lan nastiti…

Banjur kidungmu sing mecak alon grantes
Mecah dadaku…bengkah tanpa wadah…


( Geguritan punika karipta dening Wakid Redjo, dipun waosaken ing kridha teater PADHANG MBULAN : DUOLOLOWING, Alun-alun Wates 7 November 2008 )



3 komentar:

cahpesisiran mengatakan...

wah gayeng temenan mbah im..
sayangnya kemaren saya ga bisa datang...
hiks hiks

ndung ndung !! mengatakan...

potone kok?

ndung ndung !! mengatakan...

potone kok ?????? wah urik tenan!!!!!!!!!!!!