Selasa, 26 Februari 2008

AJAR NGGURIT LEK...!

PEPADHANG

lakuku iki
amung golek pepadhang
ati kang lagi kapang
urip kadharang-dharang
peteng dhedhet kang sinawang

Giant, 26-02-08


HEI...

Prakanca iki pye?
Wong ndesa wus ilang ugeme
Lemah-lemah ora disanak
Tetanduran mati ing kana kene

Pacul wus ucul garanne
Arit wus ilang landhepe
Tani wutun mung tinggal critane

Lha iki pye ??

Giant, 26-02-08



GURU

Bapakku guru
Ibuku uga guru
Adhi-adhiku winasis ing elmi

Aku seprana-seprene
Gurumutan dhewe....

Giant,26-02-08


KAPANG

: sri

wewayanganmu tansah kumlebet
ing lelamunku

oh wanodya...
kapan sliramu
mituhu impenku ??

Giant, 26-02-08





1 komentar:

Unknown mengatakan...

wah dadi kelingan majalah jayabaya, geguritan, cerkak lan sapanunggalane